Assalamualaikum Wr.Wb...
Anggen kula mosting badhe mbahas babagan Omah Joglo saking hasil kerja kelompok 5 kelas XOA SMK N 2 Karanganyar.
1. TERAS utawa PENDHAPA
Dumunung ing ngarep
dhewe, piguna utamane kanggo nampa tamu. Wujude kang tinarbuka parlambang pribadi Jawa kang tinarbuka, lan mentingake karukunan lan kekadangan.
Gambar teras/pendhapa :
2. PRINGGITAN
Papan umum digunakake
kanggo gelar wayang kulit utawa upacara tradisional. Pringgitan saka tembung ringgit ateges wayang, maksude nuduhake yen manungsa iku duwe kuwajiban nguri-uri lan ngrembakake seni lan budaya.
Gambar pringgitan :
3. DALEM AGUNG
Wujude persegi lan
tinutup dening tembok ing patang sisine. Pigunane kanggo kaluwarga, mula asipat luwih tinutup (privasi). Maksude pribadine manungsa iku sejatine kudu bisa njaga kawibawane kaluwarga, ora kenamartakake kahanan kang ana ing sajroning kaluwarga.
Gambar dalem agung :
4. Krobongan/Senthong
Ruangan iki pigunane
kanggo turu seng nduwe omah. Sak liyane kanggo turu
seng nduwe omah uga kanggo nyimpen pusaka lan piranti aji liyane utawa kanggo nindakake ibadah. Nalika nindakake ibadah nduwe ateges manungsa iku tansah eling marang Gusti kang paring kanugrahan.
Gambar krobongan/senthong :
5. Gandhok utawa Pawon/Pekiwan
Mapan ing mburi dhewe. Pigunane kanggo masak lan kamar mandi. Perangan kang asipat pribadi lan duwe nilai luhur. Tegese manungsa iku duwe sipat gemi, setiti, lan ngati-ati,tegese ora boros lan tansah njaga kapribadene kang siningit (tersembunyi).
Gambar pawon :
6. Kandhang
Pigunane kanggo ngopeni kewan.
Gambar kandhang :
Cekap semanten anggen kula mosting menawi wonten kaluputan kula kalihan kanca-kanca kelompok nyuwun pangapunten. Wassalamualaikum Wr.Wb...