Thursday, 10 November 2016

Omah Tradisional Jawa

Assalamualaikum Wr.Wb...

Anggen kula mosting badhe mbahas babagan Omah Joglo saking hasil kerja kelompok 5 kelas XOA SMK N 2 Karanganyar.

Wujud omah tradisional Jawa iku awujud Joglo. Joglo iku konstruksi bangunan kang khas ing omah tradisional  Jawa kanthi piguna saben perangan kang beda siji lan liyane ngemot unsur filosofi kang ana sambung rapete karo nilai-nilai religi, kapitayan, norma lan nilai budaya. Joglo ana maneka warna jinise, tuladha Joglo Limasan Lawakan, Sinom Jompongan, Pangrawit, Mangkurat, Hageng, lan Semar Tinandhu. Perangan omah Joglo yaiku :

1. TERAS utawa PENDHAPA
    Dumunung ing ngarep dhewe, piguna utamane kanggo nampa tamu. Wujude kang tinarbuka               parlambang pribadi Jawa kang tinarbuka, lan mentingake karukunan lan kekadangan. 
    Gambar teras/pendhapa : 


         2. PRINGGITAN
             Papan umum digunakake kanggo gelar wayang kulit utawa upacara tradisional. Pringgitan saka tembung ringgit ateges wayang, maksude nuduhake yen manungsa iku duwe kuwajiban nguri-uri lan ngrembakake seni lan budaya.
              Gambar pringgitan :

         3. DALEM AGUNG
        Wujude persegi lan tinutup dening tembok ing patang sisine. Pigunane kanggo kaluwarga, mula asipat luwih tinutup (privasi). Maksude pribadine manungsa iku sejatine kudu bisa njaga kawibawane kaluwarga, ora kenamartakake kahanan kang ana ing sajroning kaluwarga.
               Gambar dalem agung :

         4. Krobongan/Senthong    
             Ruangan iki pigunane kanggo turu seng nduwe omah. Sak liyane kanggo turu seng nduwe omah uga kanggo nyimpen pusaka lan piranti aji liyane utawa kanggo nindakake ibadah. Nalika nindakake ibadah nduwe ateges manungsa iku tansah eling marang Gusti kang paring kanugrahan.
                Gambar krobongan/senthong :

         5. Gandhok utawa Pawon/Pekiwan
             Mapan ing mburi dhewe. Pigunane kanggo masak lan kamar mandi. Perangan kang asipat pribadi lan duwe nilai luhur. Tegese manungsa iku duwe sipat gemi, setiti, lan ngati-ati,tegese ora boros lan tansah njaga kapribadene kang siningit (tersembunyi).
             Gambar pawon :

          6. Kandhang
              Pigunane kanggo ngopeni kewan.
              Gambar kandhang :

          Cekap semanten anggen kula mosting menawi wonten kaluputan kula kalihan kanca-kanca kelompok nyuwun pangapunten. Wassalamualaikum Wr.Wb...


1 comment:

  1. Online gambling software - Dr. McD
    If you're looking for 나주 출장안마 something to gamble online, it is very 울산광역 출장샵 important to find 군포 출장마사지 the best 영주 출장마사지 gambling 청주 출장샵 software and tools. This will help you choose the right  Rating: 2.8 · ‎8 reviews

    ReplyDelete